Sabtu, 08 Februari 2020

Pitutur Luhur ing Crita Wayang

        Wayang dumadi saka tembung "yang" utawa "hyang" antuk ater ater wa-. Tegese roh kang biasa gawe beja cilakaning manungsa. Wayang iki gegambarane watak lan jiwaning manungsa.


A. Tuladha pethilan teks wayang ing ngisor iki

Werkudara / Bima


     Werkudara iku putrane Prabu Pandhu Dewanata Ian Dewi Kunthi sing angka kalih. Werkudara iku titisane Bathara Bayu. Awit putra angka loro, mula Werkudara uga sinebut putra panenggaking Pandhawa. Sesebutan liyane Bratasena, Bimasena, Haryasena, Bayusiwi, Jagal Abilawa, Kusumadilaga, Jayalaga. Kastriyane ing Jodhipati utawa Tunggul Pamenang.
       Garwane telu aran Dewi Nagagini, Dewi Arimbi, Ian Dewi Urangayu. Karo Dewi Nagagini, 'peputra Raden Antareja. Karo Dewi Arimbi, peputra Raden Gathutkaca: Karo Dewi Urangayu, peputra Raden Antasena.Raden Werkudara duwe pusaka aran Kuku Pancanaka, Gada Rujakpala, Ian Gada Lambita¬muka. Aji-ajine Bandung Bandawasa, Ungkal bener, Blabag Pengantol-antol, Bayu Bajra.
       Kacarita laire Bratasena. Nalika bayi lair awujud bungkus. Kabeh gegaman ora tumama. Kang bisa mbedhah bungkus mung Gajah Sena. Bareng wis bedhah, bayi diidak-idak, ditlale, digadhing malah saya gedhe. Gajah Sena ditamani kuku Pancanaka, mati sanalika. Suksmane nyawiji karo Bratasena.
       Werkudara duwe watak setya tuhu marang guru, bekti marang ibu, teguh ing janji, bela bebener, mbrastha angkara, dhemen tetulung, tresna marang kadang, adil. Watak setya marang guru, dituduhake nalika dheweke diutus dening gurune Pendhita Durna goleh banyu Perwitasari ing tengah alas ing telenging segara. Kang sajatine Werkudara dialap patine, dijlomprongake. Nanging amarga setya bekti marang guru. Werkudara malah antuk nugraha, bisa ketemu marang guru sejati (Dewa Ruci), kang mahanani Werkudara bisa pinter tanpa guru maneh.
        Tandha bektine marang ibune dibuktekake, kanthi merjaya Dursasana, getihe kanggo jamas rikmane Kunthi lan sirahe kanggo keset dening Dewi Kunthi. Tresna marang kadang, kabeh kadange tansah dibela lamun nuhoni bebener. Nanging yen luput, sanadyanta anake dhewe bakal diajar, kaya nalika Gathutkaca maling Pregiwa. Jebule Gathutkaca mung dipaeka sebab sing maling Gathutkaca palsu. Dhemen tetulung upamane nulungi Ratu Wiratha (Prabu Matswapati)
B. Nemokake tuntunan ing teks wayang
    Tuntunan ing teks wayang Werkudara yaiku:
1. Duwea watak satriyatama yaiku luhur ing budi, seneng tetulung, adil, wani ing bebener, mbrastha angkara murka.
2.Bektia marang wong tuwa, luwih-luwih marang ibu.
3. Bektia marang guru
4. Tresna asih marang sedulur,Darbea jiwa satriya kang dadi bentenging negara
C. Nulis sinopsis Wayang
    Urut urutane nulis sinopsis:
1. Maca naskah asli dhisik kanggo mangerteni kesan umum penulis
2. Nyatet gagasan utama kanthi nggaris ngisor gagasan gagasan kang wigati
3. Nulis ringkesan adhedasar gagasan gagasan sing wis dicatet mau, banjur tulisen nganggo ukara kang cekak,gamblang,efektif minurut crita asline
4. Dialog lan monolog paraga cukup ditulis isi utawa garis besare wae
5. Ringkesan/sinopsis cerkak ora keno mimpang saka lakune crito lan isi crito cerkak asline
Sumber: Gegaran nyinau Basa Jawa 1 kelas X SMA SMK MA
https://caritawayang.blogspot.com/2015/04/werkudara-bima-bahasa-jawa.html?m=1


Tidak ada komentar:

Posting Komentar