Rabu, 12 Februari 2020

Pawarta

       Pawarta iku kabar kang disebarake supaya dingerteni marang wong liyo utawa wong akeh. Manawa didheleng saka saranane, ana pawarta kang nggunaake medhia cetak lan medhia elekteonik. Kang nggunaake medhia cetak umpamane, ariwarti utawa koran, kalawarti utawa majalah, buletin lan sapanunggalane. Kang nggunaake medhia elektronik umpamane ing radhio(media audio), televisi (media audio visual), lan internet (media sosial).
A. Maca Tuladha pawarta
       Kepleset
         Kepleset, Siswa SMP Tiwas Evi 15 taun, salah satunggaling siswi SMPN Tangen, Sragen, Rabu (13/4) antawis jam 10 tiwas sasampunipun dhawah ing wewengkon air terjun jumog jati, kecamatan Jenawi.
          Warga dusun Bagu kroderan, Grobogan punika dhawah ing wewengkon air terjun ingkan inggilipun 20 meter sasampunipun kepleset ing watu-watu ingkan wonten nginggil air terjun. Satemah piyambakipun nandhans wawu awrat ing perangan sirah lan badanipun.
           Manuut katrengan ingkang    dipunklempakaken saking kepolisian kaliyan kancanipun sami lelenggahan ing pinggir kali urutipun air terjun. Wekdal badhe gantos papan sanesipun ingkang badhe dipuntingali, kanthi nyabrang kali sainggiling air terjun. Ananging Evi lan salah satunggaling kanca wanita ingkang wekdal mlangkah nyabrang kali sukunipun kepleset.
             Evi lajeng dhawah dhateng kali ingkang banter ilinipun tur lunyu pisan. Badanipun evi lajeng kanyut ngaton air terjun lajeng dhawah ing cocoran air terjun ingkang lebetipun 20 meter, kebak watu-watu lan tiwas saknalika. Kapethik saking kalawarti penjebar semangat.
Maca teks pawarta kang tujuane supaya ngerti isine, bisa disaranani nganggo mangsuli pitakon kang gegayutan karo 5W + 1H , kang jlentrehe :
What   : kedadeyan apa kang       diwartakake/disebarke.
Who    : sapa wae kang diwartakake
When  : kapan wektu kedadeyane
Where : ing ngendi papan kedadeyane
Why     : geneya isa kalakon kedadeyan
How    : kepriye mungguh kalakon kedadeyan.
B. Nanggapi Pokok Pokok Isine Teks  Pawarta
Teks pawarta iku dumadi saka 4 perangan kang baku, yen miturut teks pawarta ing duwur isine  yaiku :
1. Headline: irah irahane pawarta. Teks pawarta ing duwur irah irahane yaiku "Kepleset"
2. Dateline : isine papan lan wektu kedadeyan yaiku ing SMPN Tangen,Sragen lan wektune rabu (13/4) jam 10.
3. Lead : isine ringkesane pawarta yaiku
Siswa SMP Tiwas Evi 15 taun, tiwas sasampunipun dhawah ing wewengkon air terjun jumog jati, kecamatan Jenawi.
4. Bleger : bukti lan dhata kang disuguhake ing lead mau yaiku Evi  dhawah dhateng kali ingkang banter ilinipun tur lunyu pisan. Badanipun evi lajeng kanyut ngaton air terjun lajeng dhawah ing cocoran air terjun ingkang lebetipun 20 meter, kebak watu-watu lan tiwas saknalika. Kapethik saking kalawarti penjebar semangat
Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 Kelas X SMA/SMK/MA
https://www.nyontex.com/2019/07/7-contoh-pawarta-bahasa-jawa-singkat.

Sabtu, 08 Februari 2020

Panganan Tradhisional Jawa

         Panganan tradhisional iku panganan kang kondhang lan dadi ikon dhaerahe. Kayata coto lan konro ing Makasar, rendhang ing Padhang,lan sapanunggalane.

A. Tuladha teks panganan tradhisional

Apem

           Apem iku kalebu panganan tradisional saka Jawa Tengah. Istilah apem asline saka  bahasa Arab yaiku afuan/ afuwwun sing artine "ampun". Wong  Jawa nyederhanakke bahasa Arab kasebut dadi "apem". Rasane sing legi nanging uga ana kecut kecute  sitik sing gawe apem tambah enak. Ing jaman saiki kue- kue tradisional wis langka amarga saiki wis akeh panganan saka negara liyane sing nyebar ning piro piro dhaerah. Kaya dene apem, saiki wis jarang banget . biyasane apem iki didol ing pasar- pasar tradisional. Saliyane rasane sing legi lan kecut, wujude apem  uga empuk lan alus. Mula apem iki bisa dipangan kanggo kabeh umur saka sing tuwa tekan wong enom.
          Apem iki digawe saka repung beras lan tape budhin utawa kang biyasane wong sebut kenyos. Kagunane tape utawa kenyos iki supaya ana rasa kecute. Aja lali  gula jawa lan gula pasir supaya nambah rasalegi lan enak. Saliyane iku bahan –bahane kang digunakake yaiku ragi, banyu krambil, lan santen. Bahan- bahan kabeh mau diuleni kanthi rata lan mateng. Sawise kuwi dicetak lan khusus.Sawise mateng lan ngembang biyasane apem disajekake ora nggunakake godhong kaya dene panganan liya- liyane. Nanging biyasane apem dibungkus nganggo plastik.
          Ing Dalem filosofi Jawa, panganan iku  yaiku  simbol gawe mohon ampunan sakiing akehe kalepetan, padha saka pangertene  tembung apem kuwi dhewe. Panganan  apem digawe kanggo digowo ing surau, musala utowo masjid. Sakwise dongo bareng bareng, kue apem dibagi ing tonggo teparone utowo wong wong sing kurang bejo. Saengga iso diomongke,kue iki uga agawe sarana kanggo ngungkapke rasa syukur dhumateng rezeki ingkang sampun diparingi gusti.
Nemokake isi teks ing dhuwur:
1. Apem iki panganan Jawa Rasane sing legi nanging uga ana kecut kecute.
2. Apem iki panganan sing digawe saka repung beras lan tape budhin utawa kang biyasane wong sebut kenyos.
3. Istilah apem asline saka  bahasa Arab yaiku afuan/ afuwwun sing artine "ampun". Wong  Jawa nyederhanakke bahasa Arab kasebut dadi "apem"
4. Apem minangka simbol gawe mohon ampunan saking akehe kalepetan, padha saka pangertene tembung apem kuwi dhewe lan uga uga agawe sarana kanggo ngungkapke rasa syukur dhumateng rezeki ingkang sampun diparingi gusti.



Pitutur Luhur ing Crita Wayang

        Wayang dumadi saka tembung "yang" utawa "hyang" antuk ater ater wa-. Tegese roh kang biasa gawe beja cilakaning manungsa. Wayang iki gegambarane watak lan jiwaning manungsa.


A. Tuladha pethilan teks wayang ing ngisor iki

Werkudara / Bima


     Werkudara iku putrane Prabu Pandhu Dewanata Ian Dewi Kunthi sing angka kalih. Werkudara iku titisane Bathara Bayu. Awit putra angka loro, mula Werkudara uga sinebut putra panenggaking Pandhawa. Sesebutan liyane Bratasena, Bimasena, Haryasena, Bayusiwi, Jagal Abilawa, Kusumadilaga, Jayalaga. Kastriyane ing Jodhipati utawa Tunggul Pamenang.
       Garwane telu aran Dewi Nagagini, Dewi Arimbi, Ian Dewi Urangayu. Karo Dewi Nagagini, 'peputra Raden Antareja. Karo Dewi Arimbi, peputra Raden Gathutkaca: Karo Dewi Urangayu, peputra Raden Antasena.Raden Werkudara duwe pusaka aran Kuku Pancanaka, Gada Rujakpala, Ian Gada Lambita¬muka. Aji-ajine Bandung Bandawasa, Ungkal bener, Blabag Pengantol-antol, Bayu Bajra.
       Kacarita laire Bratasena. Nalika bayi lair awujud bungkus. Kabeh gegaman ora tumama. Kang bisa mbedhah bungkus mung Gajah Sena. Bareng wis bedhah, bayi diidak-idak, ditlale, digadhing malah saya gedhe. Gajah Sena ditamani kuku Pancanaka, mati sanalika. Suksmane nyawiji karo Bratasena.
       Werkudara duwe watak setya tuhu marang guru, bekti marang ibu, teguh ing janji, bela bebener, mbrastha angkara, dhemen tetulung, tresna marang kadang, adil. Watak setya marang guru, dituduhake nalika dheweke diutus dening gurune Pendhita Durna goleh banyu Perwitasari ing tengah alas ing telenging segara. Kang sajatine Werkudara dialap patine, dijlomprongake. Nanging amarga setya bekti marang guru. Werkudara malah antuk nugraha, bisa ketemu marang guru sejati (Dewa Ruci), kang mahanani Werkudara bisa pinter tanpa guru maneh.
        Tandha bektine marang ibune dibuktekake, kanthi merjaya Dursasana, getihe kanggo jamas rikmane Kunthi lan sirahe kanggo keset dening Dewi Kunthi. Tresna marang kadang, kabeh kadange tansah dibela lamun nuhoni bebener. Nanging yen luput, sanadyanta anake dhewe bakal diajar, kaya nalika Gathutkaca maling Pregiwa. Jebule Gathutkaca mung dipaeka sebab sing maling Gathutkaca palsu. Dhemen tetulung upamane nulungi Ratu Wiratha (Prabu Matswapati)
B. Nemokake tuntunan ing teks wayang
    Tuntunan ing teks wayang Werkudara yaiku:
1. Duwea watak satriyatama yaiku luhur ing budi, seneng tetulung, adil, wani ing bebener, mbrastha angkara murka.
2.Bektia marang wong tuwa, luwih-luwih marang ibu.
3. Bektia marang guru
4. Tresna asih marang sedulur,Darbea jiwa satriya kang dadi bentenging negara
C. Nulis sinopsis Wayang
    Urut urutane nulis sinopsis:
1. Maca naskah asli dhisik kanggo mangerteni kesan umum penulis
2. Nyatet gagasan utama kanthi nggaris ngisor gagasan gagasan kang wigati
3. Nulis ringkesan adhedasar gagasan gagasan sing wis dicatet mau, banjur tulisen nganggo ukara kang cekak,gamblang,efektif minurut crita asline
4. Dialog lan monolog paraga cukup ditulis isi utawa garis besare wae
5. Ringkesan/sinopsis cerkak ora keno mimpang saka lakune crito lan isi crito cerkak asline
Sumber: Gegaran nyinau Basa Jawa 1 kelas X SMA SMK MA
https://caritawayang.blogspot.com/2015/04/werkudara-bima-bahasa-jawa.html?m=1


Sabtu, 18 Januari 2020

Serat Wedhatama Pupuh Pangkur

    Serat Wedhatama iku anggitane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV. Tembung serat tegese tulisan,wegha tegese wulangan/tuntunan,dene tama duwe teges utama/kautaman.Dadi ,wose serat wedhatama iku wulangan luhur kanggo mbangun budi pekertine sapa wae kang maca.Serat wedhatama dianggit wujud tembang macapat pupuh pangkur,pocung,gambuh,lan kinanthi.

Tuladha tembang pangkur

Pangkur 

Nggugu karsane priyangga
Nora nganggo peparah lamun angling
Lumuh ingaran balilu
Uger guru aleman
Nanging janma ingkang wus waspadeng semu
Sinamun sing samudana
Sesadoning adu manis


Paugerane tembang pangkur:

1. Guru Gatra           : 7 gatra 
2. Guru Wilangan   : a,i,u,a,u,a,i
3. Guru Lagu            : 8,11,8,7,12,8,8
4. Pupuh pangkur ing serat wedhatama ngemot tembang cacahe 14 pada.

Isi/makna tembang pangkur ing dhuwur:
Manungsa sing onone ngandalke omongane awakke dhewe sing ora gelem salah lan onone jaluk pujian tanpa rungokke omongane wong liyo.
Sifat iku kudu mbok tinggalno lan kudu duwe sifat andhap asor mesti bakal ngajeni wong liyo.

Watakke tembang pangkur :

tembang pangkur asale saka tembung mungkur sing artine lunga utawa mungkur. 
sifat sing gagah, kuwat, perkasa lan ati sing gedhe. tembang pangkur biyasa digunakne kanggo mengungkapkan kisah kepahlawanan, perjuangan uga peperangan.

Sumber: gegaran nyinau basa jawa 3 kelas XII SMA SMK MA
https://portal-ilmu.com/watak-dan-ciri-11-tembang-macapat/





Jumat, 17 Januari 2020

Geguritan

Geguritan iku puisi Jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tertentu.Cacahe larik,cacahe wanda,cacahe pada,tembung tembung kang dipilih,lan surasane kabeh merika utawa bebas.Gumantung net atine kang nggurit.Ana kang nganggo lelewana basa tinamtu,uga ana kang biasa biasa wae.
Titikane Geguritan
1. Ora kawengku ing pathokan
2. Nggunakake tembung kang pinilih
3. Ora nggunakake basa padinan lan arang nggunakake tembung pangiket
4. Migunakake purwakanthi sastra, swara lan basa
5. Isine mentes
Babagan kang kudu digatekake nalika gawe geguritan, yaiku:
1.     Pamilihing tembung
2.      Wirama
3.      Sandhanganing basa kang arupa purwakanthi, dwipurwa, dwilingga, seselan –um- lan –in-, lsp.
Isining geguritan:
4.      Irah-irahan: gambaran saka isi (nanging ana geguritan sing ora ana irah-irahane)
5.      Tema        : idhe baku kang dadi dhasare geguritan
6.     Amanat    : piweling sing ana ing sajroning geguritan
7.      Diksi         : pamilihe tembung (bisa migunakake majas, frasa, lan klausa)
8.     Retorika   : alat kanggo nggambarake sing arep diandharake ana ing sajroning geguritan
Geguritan kaperang dadi loro:

1.   Gurit kuna

 2.   Gurit anyar utawa geguritan

Gurit kuna duweni pathokan:

1.     Diwiwiti tembung sun nggegurit
2.    Cacahe wanda saben sagatra pada
3.     Tibane swara ing pungkasan gatra runtut


Tuladha Geguritan

Majune Zaman
Dening :Ari Kurniawan


Majune zaman cepet banget
Awakke dhewe kudu siap karo babagan iku 
Pancen ana apike lan ana alane 
Kudu bisa mbedakke hal kasebut
                        
                         Ora mungkur pitutur becik kang ana 
                         Ora mungkur adat budaya kang ana
                         Ora mungkur nilai luhur kang ana
                         Ora mungkur budaya Jawa kang ana

Tetep nglakoake ajaran kasebut
Sanajan majune zaman wis kedadean
Mergo pitutur iku
Agawe urip kita tentrem



Sumber: Gegaran nyinau basa jawa 3 kelas XII SMA/SMK/MA
               http://tresnajawi.blogspot.com
               https://www.synaoo.com/