Panganan Tradhisional Jawa
Panganan tradhisional iku panganan kang kondhang lan dadi ikon dhaerahe. Kayata coto lan konro ing Makasar, rendhang ing Padhang,lan sapanunggalane.
A. Tuladha teks panganan tradhisional
Apem
Apem iku kalebu panganan tradisional saka Jawa Tengah. Istilah apem asline saka bahasa Arab yaiku afuan/ afuwwun sing artine "ampun". Wong Jawa nyederhanakke bahasa Arab kasebut dadi "apem". Rasane sing legi nanging uga ana kecut kecute sitik sing gawe apem tambah enak. Ing jaman saiki kue- kue tradisional wis langka amarga saiki wis akeh panganan saka negara liyane sing nyebar ning piro piro dhaerah. Kaya dene apem, saiki wis jarang banget . biyasane apem iki didol ing pasar- pasar tradisional. Saliyane rasane sing legi lan kecut, wujude apem uga empuk lan alus. Mula apem iki bisa dipangan kanggo kabeh umur saka sing tuwa tekan wong enom.
Apem iki digawe saka repung beras lan tape budhin utawa kang biyasane wong sebut kenyos. Kagunane tape utawa kenyos iki supaya ana rasa kecute. Aja lali gula jawa lan gula pasir supaya nambah rasalegi lan enak. Saliyane iku bahan –bahane kang digunakake yaiku ragi, banyu krambil, lan santen. Bahan- bahan kabeh mau diuleni kanthi rata lan mateng. Sawise kuwi dicetak lan khusus.Sawise mateng lan ngembang biyasane apem disajekake ora nggunakake godhong kaya dene panganan liya- liyane. Nanging biyasane apem dibungkus nganggo plastik.
Ing Dalem filosofi Jawa, panganan iku yaiku simbol gawe mohon ampunan sakiing akehe kalepetan, padha saka pangertene tembung apem kuwi dhewe. Panganan apem digawe kanggo digowo ing surau, musala utowo masjid. Sakwise dongo bareng bareng, kue apem dibagi ing tonggo teparone utowo wong wong sing kurang bejo. Saengga iso diomongke,kue iki uga agawe sarana kanggo ngungkapke rasa syukur dhumateng rezeki ingkang sampun diparingi gusti.

Nemokake isi teks ing dhuwur:
1. Apem iki panganan Jawa Rasane sing legi nanging uga ana kecut kecute.
1. Apem iki panganan Jawa Rasane sing legi nanging uga ana kecut kecute.
2. Apem iki panganan sing digawe saka repung beras lan tape budhin utawa kang biyasane wong sebut kenyos.
3. Istilah apem asline saka bahasa Arab yaiku afuan/ afuwwun sing artine "ampun". Wong Jawa nyederhanakke bahasa Arab kasebut dadi "apem"
4. Apem minangka simbol gawe mohon ampunan saking akehe kalepetan, padha saka pangertene tembung apem kuwi dhewe lan uga uga agawe sarana kanggo ngungkapke rasa syukur dhumateng rezeki ingkang sampun diparingi gusti.
Sumber: https://radarsemarang.com/2018/03/18/pendidikan-karakter-siswa-melalui-filosofi-apem/
Gegaran nyinau basa jawa 1 kelas X SMA SMK MA
https://brainofayn.blogspot.com/2016/04/contoh-deskripsi-panganan-tradisional.html?m=
Gegaran nyinau basa jawa 1 kelas X SMA SMK MA
https://brainofayn.blogspot.com/2016/04/contoh-deskripsi-panganan-tradisional.html?m=

Tidak ada komentar:
Posting Komentar