Pawarta
Pawarta iku kabar kang disebarake supaya dingerteni marang wong liyo utawa wong akeh. Manawa didheleng saka saranane, ana pawarta kang nggunaake medhia cetak lan medhia elekteonik. Kang nggunaake medhia cetak umpamane, ariwarti utawa koran, kalawarti utawa majalah, buletin lan sapanunggalane. Kang nggunaake medhia elektronik umpamane ing radhio(media audio), televisi (media audio visual), lan internet (media sosial).
A. Maca Tuladha pawarta
Kepleset
Kepleset, Siswa SMP Tiwas Evi 15 taun, salah satunggaling siswi SMPN Tangen, Sragen, Rabu (13/4) antawis jam 10 tiwas sasampunipun dhawah ing wewengkon air terjun jumog jati, kecamatan Jenawi.
Warga dusun Bagu kroderan, Grobogan punika dhawah ing wewengkon air terjun ingkan inggilipun 20 meter sasampunipun kepleset ing watu-watu ingkan wonten nginggil air terjun. Satemah piyambakipun nandhans wawu awrat ing perangan sirah lan badanipun.
Manuut katrengan ingkang dipunklempakaken saking kepolisian kaliyan kancanipun sami lelenggahan ing pinggir kali urutipun air terjun. Wekdal badhe gantos papan sanesipun ingkang badhe dipuntingali, kanthi nyabrang kali sainggiling air terjun. Ananging Evi lan salah satunggaling kanca wanita ingkang wekdal mlangkah nyabrang kali sukunipun kepleset.
Evi lajeng dhawah dhateng kali ingkang banter ilinipun tur lunyu pisan. Badanipun evi lajeng kanyut ngaton air terjun lajeng dhawah ing cocoran air terjun ingkang lebetipun 20 meter, kebak watu-watu lan tiwas saknalika. Kapethik saking kalawarti penjebar semangat.
Maca teks pawarta kang tujuane supaya ngerti isine, bisa disaranani nganggo mangsuli pitakon kang gegayutan karo 5W + 1H , kang jlentrehe :
What : kedadeyan apa kang diwartakake/disebarke.
Who : sapa wae kang diwartakake
When : kapan wektu kedadeyane
Where : ing ngendi papan kedadeyane
Why : geneya isa kalakon kedadeyan
How : kepriye mungguh kalakon kedadeyan.
Who : sapa wae kang diwartakake
When : kapan wektu kedadeyane
Where : ing ngendi papan kedadeyane
Why : geneya isa kalakon kedadeyan
How : kepriye mungguh kalakon kedadeyan.
B. Nanggapi Pokok Pokok Isine Teks Pawarta
Teks pawarta iku dumadi saka 4 perangan kang baku, yen miturut teks pawarta ing duwur isine yaiku :
1. Headline: irah irahane pawarta. Teks pawarta ing duwur irah irahane yaiku "Kepleset"
2. Dateline : isine papan lan wektu kedadeyan yaiku ing SMPN Tangen,Sragen lan wektune rabu (13/4) jam 10.
3. Lead : isine ringkesane pawarta yaiku
Siswa SMP Tiwas Evi 15 taun, tiwas sasampunipun dhawah ing wewengkon air terjun jumog jati, kecamatan Jenawi.
Siswa SMP Tiwas Evi 15 taun, tiwas sasampunipun dhawah ing wewengkon air terjun jumog jati, kecamatan Jenawi.
4. Bleger : bukti lan dhata kang disuguhake ing lead mau yaiku Evi dhawah dhateng kali ingkang banter ilinipun tur lunyu pisan. Badanipun evi lajeng kanyut ngaton air terjun lajeng dhawah ing cocoran air terjun ingkang lebetipun 20 meter, kebak watu-watu lan tiwas saknalika. Kapethik saking kalawarti penjebar semangat
Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 Kelas X SMA/SMK/MA
https://www.nyontex.com/2019/07/7-contoh-pawarta-bahasa-jawa-singkat.
https://www.nyontex.com/2019/07/7-contoh-pawarta-bahasa-jawa-singkat.

